WEWALER

WEWALER

Tuladha wewaler ing deso Banyutowo:

1. Aja mangan karo ngadeg
Artine: mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan. 
2. Aja ngetoki kuku ing tengah wengi
Artine: supaya tangan ora tatu, lan keluargane ono seng iso mati. 
3. Ora oleh njagongi bantal
Artine: lungguh ning bantal ora apik, amarga bantal iku sing bener kanggo mustaka/sirah, lan marakke udunen. 
4. Ora oleh singsot ing tengah wengi
Artine: singsot bengi bengi ora apik, amarga singsot iso ngundang setan, lan ngganggu tonggone. 
5. Aja turu sore sore
Artine: turu sore iku marakke iso panyakiten. 
6. Aja ndondomi ing tengah wengi
Artine: ngdondomi ing tengah wengi marakke tangane ketujep dom, lan marakke diganggu setan. 
7. Aja mangan karo turu
Artine: mangan karo turu marakke keselek, lan marakke keset. 
8. Aja penekan pas bedug bedug
Artine: penekan pas bedug bedug mengko iso dadi lutung, amarga bedug iku wayahe sembahyang ora penekan wit. 
9. Aja keramas ing tengah wengi
Artine: marakke gampang keno sawan lan orak apik kanggo kesehatan
10. Ojo nyapu mandeg mandek
Artine: marakke sasrahane mandek mandek (amarga awake dewe nek gawean ben langsung rampung) 

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS X SMA/SMK/MA BAB 8 PRANATACARA

MATERI BAHASA JAWA KELAS X SMA/SMK/MA BAB 9 PANGANAN TRADHISIONAL JAWA

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SMA/SMK/MA BAB 8 NGURI-URI KEBUDAYAAN JAWA