Postingan

Menampilkan postingan dari 2020

WEWALER

WEWALER Tuladha wewaler ing deso Banyutowo: 1. Aja mangan karo ngadeg Artine: mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan.  2. Aja ngetoki kuku ing tengah wengi Artine: supaya tangan ora tatu, lan keluargane ono seng iso mati.  3. Ora oleh njagongi bantal Artine: lungguh ning bantal ora apik, amarga bantal iku sing bener kanggo mustaka/sirah, lan marakke udunen.  4. Ora oleh singsot ing tengah wengi Artine: singsot bengi bengi ora apik, amarga singsot iso ngundang setan, lan ngganggu tonggone.  5. Aja turu sore sore Artine: turu sore iku marakke iso panyakiten.  6. Aja ndondomi ing tengah wengi Artine: ngdondomi ing tengah wengi marakke tangane ketujep dom, lan marakke diganggu setan.  7. Aja mangan karo turu Artine: mangan karo turu marakke keselek, lan marakke keset.  8. Aja penekan pas bedug bedug Artine: penekan pas bedug bedug mengko iso dadi lutung, amarga bedug...

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SMA/SMK/MA BAB 8 NGURI-URI KEBUDAYAAN JAWA

Gambar
Sugeng Rawuh!  Nyinau Aksara Jawa       Aksara Jawa uga dikenal mawa jeneng aksara Hanacaraka. Jeneng "Hanacaraka" Dijupuk saka urutan limang Aksara wiwitane. Urutan dhasar aksara Jawa nglegena (utawa uda) iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh foném basa Jawa. Urutan aksara Jawa nglegena karo pasangane yaiku mangkene. A. Aksara Jawa lan Pasangane      Kanggo ngunekake Aksara nglegena kui mau, Aksara Jawa uga dilengkapi sandhangan swara, sandhangan panyigeg Wanda, lan sandhangan wyanjana. Penjabarane kaya ing ngisor iki.  B. Sandhangan swara: C. Sandhangan panyigeg Wanda: D. Sandhangan wyanjana:    Saliyane Aksara nglegena, pasangan, lan sandhangan ing dhuwur, Aksara Jawa uga duweni Aksara murda kanggo nulis huruf kapital (kayata ing nulis Sultan Hamengku Buwana), Aksara swara kanggo nulis huruf vokal (a, i, u, e, o), Aksara rekan kanggo nulis huruf manca kan dicethakake (luwih-luwih...

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SMA/SMK/MA BAB 4 GAMELAN

Gambar
Sugeng Rawuh!  Gamelan     Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang. Tumrape Wong urip, gamelan kena kanggo niteni wewatekane menungsa. Karepe, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa pangrasane menungsa mau nalika ngrasakake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu lagu utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.     Ricikane utawa jeneng jenenge gamelan yaiku udakara ana limalas werna, kayata: bonang panerus, bonang barung, kempul lan gong, kenong, slenthem, gender panerus, gender barung, demung, saron panerus, saron barong (1), saron barung (2), gambang, lan kempyang, rebab, sarta kendhang.  A. Maca lan nanggepi teks eksposisi ngenani gamelan     Teks eksposisi iku sawijine karang kang tujuane nerangake utawa njelasake kadadeyan, kahanan, utawa swasana tinamtu supaya Wong kang moco bisa mudheng lan nge...

MATERI BAHASA JAWA KELAS X SMA/SMK/MA BAB 9 PANGANAN TRADHISIONAL JAWA

Gambar
Sugeng Rawuh!  BAB 9 PANGANAN TRADHISIONAL JAWA    Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tertentu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padhang, lan sapanunggale. A. Maca lan nanggepi teks       Gatekno pethilan teks ngisor iki!  TUMPENG    Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh jroning wangun bucu, amarga seko kuwi banjur diarani sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umume arapa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan. Tumpeng biasane dianggo ing upacara tradhisional sing sifate seneng utawa sedih. Tumpeng ing ritual Jawa.  B. Nemokake nilai-nilai kang kamot ing ...

MATERI BAHASA JAWA KELAS X SMA/SMK/MA BAB 8 PRANATACARA

Sugeng Rawuh!  BAB 8 PRANATACARA A. Maca lan Nanggepi Teks Pranatacara Gatekno pethilan teks pranatacara ngisor iki!  Assalamualaikum Wr. Wb.      Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.     Para pangemban pangembating praja satriyaning negeri maningka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinabu ing pakurmatan.     ...     Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qobul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Fitri Kusuma putra putrinipun Bapa Joko Susena ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Ganes Sri Narendra putra kakungipun Bapa Agus Dahlan ingkang lenggah wonten Sekayu Semarang, sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika dinten Selasa, 29 Maret 2016 wanci tabuh 09.00 mapan ing Sekayu.         Pranatacara kakung sumawan...

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SMA/SMK/MA BAB 1 PENDIDIKAN MORAL TEMBANG KINANTHI, PAUGERANE, TULADHA, WATAK, ISI, LAN PITUTUR LUHUR

Sugeng Rawuh!  BAB I PENDIDIKAN MORAL Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi. Ing wulangan iki pupuh Kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman seiki. Tembung  Kinanthi  iku saka tembung  kanthi  oleh setelah  in.  Setelah  in  iki tegese padha karo ater-ater  di-.  Dadi,  Kinanthi,  tegese  dikanthi, dituntun, digandheng,  utawa  diarahke.  A. Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, kan guru wilangan teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi.  Kinanthi Marpa den taberi kulup,  Angulah lantiping ati,  Rina wengi den anedya, Pandak-panduking pambudi,  Mbengkas kahardaning driya,  Supaya dadi utami.  Pupuh Kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait).  Guru gatra saben sapadane tembang Kinanthi ana 6 gatra ...