WEWALER
WEWALER Tuladha wewaler ing deso Banyutowo: 1. Aja mangan karo ngadeg Artine: mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan. 2. Aja ngetoki kuku ing tengah wengi Artine: supaya tangan ora tatu, lan keluargane ono seng iso mati. 3. Ora oleh njagongi bantal Artine: lungguh ning bantal ora apik, amarga bantal iku sing bener kanggo mustaka/sirah, lan marakke udunen. 4. Ora oleh singsot ing tengah wengi Artine: singsot bengi bengi ora apik, amarga singsot iso ngundang setan, lan ngganggu tonggone. 5. Aja turu sore sore Artine: turu sore iku marakke iso panyakiten. 6. Aja ndondomi ing tengah wengi Artine: ngdondomi ing tengah wengi marakke tangane ketujep dom, lan marakke diganggu setan. 7. Aja mangan karo turu Artine: mangan karo turu marakke keselek, lan marakke keset. 8. Aja penekan pas bedug bedug Artine: penekan pas bedug bedug mengko iso dadi lutung, amarga bedug...