MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SMA/SMK/MA BAB 1 PENDIDIKAN MORAL TEMBANG KINANTHI, PAUGERANE, TULADHA, WATAK, ISI, LAN PITUTUR LUHUR


Sugeng Rawuh! 

BAB I PENDIDIKAN MORAL

Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi. Ing wulangan iki pupuh Kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman seiki. Tembung Kinanthi iku saka tembung kanthi oleh setelah in. Setelah in iki tegese padha karo ater-ater di-. Dadi, Kinanthi, tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahke. 

A. Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, kan guru wilangan teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi. 


Kinanthi
Marpa den taberi kulup, 
Angulah lantiping ati, 
Rina wengi den anedya,
Pandak-panduking pambudi, 
Mbengkas kahardaning driya, 
Supaya dadi utami. 


  • Pupuh Kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). 
  • Guru gatra saben sapadane tembang Kinanthi ana 6 gatra utawa larik. 
  • Guru lagune tembang Kinanthi yaiku: u, i, a, i, a, lan i. 
  • Guru wilangane tembang Kinanthi iku: 8, 8, 8, 8, 8 lan 8.
  • Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Kinanthi, biasane ditulis: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.

B. Tuladha saka tembang Kinanthi

Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu, 
Ing sasmita amrih lan trip, 
Aja pijer mangan nendra,
Kaprawiran denkaesthi, 
Pesunen sariranira, 
Cegah dhahar lawan guling.
Tegese:
Pada ajaran utawa ngelatih ati, 
Supaya batinmu dadi pinter, 
Ojo seneng mangan lan turu, 
Gen iso kawujud opo sing dikarepake, 
Prihatina awakmu, 
Kurangono mangan lan turu. 

Paugerane
  • Guru gatra: 6 gatra utawa larik
  • Guru wilangane: 8, 8, 8, 8, 8, lan 8.
  • Guru lagune: u, i, a, i, a, lan i. 

• Watak Tembang Kinanthi
   Watake Tembang Kinanthi yaiku seneng, tresna asih, mitutur, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan cerita kang nalekane rasa tresna asih. 

Isi Tembang Kinanthi
   Isi kang kamot ing tembang Kinanthi yaiku ngajarake babagan tuntunan moral maningka perangan saka pendidikan karakter utawa etika pribadi, amarga dadi sawijining tuntunan etis kang trep (tuju/dituju) marang diri pribadine dhewe.

Pitutur lulur seko Tembang Kinanthi ing Serat Wedatama
   Pitutur luhur seko tembang Kinanthi yaiku dadi manungsa ora kena iri lan dengki supaya uripe iku tentrem ayem lan urip iku ojo seneng mangan lan turu ben iso kawujud opo seng dipinginke lan supaya dadi pinter, mula kapinteran iku kanggo masa depan. 

(Sumber:gegaran nyinau basa jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA) 
   
Matur Nuwun:) 


  
  

Komentar

  1. Sangat membantu dan mudah dipahami👍

    BalasHapus
  2. Makasih ,membantu banget .materinya sgt jelas

    BalasHapus
  3. Lanjutkan terus buat blognya

    BalasHapus
  4. Sangat sangat membantu kak, terimakasih

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS X SMA/SMK/MA BAB 8 PRANATACARA

MATERI BAHASA JAWA KELAS X SMA/SMK/MA BAB 9 PANGANAN TRADHISIONAL JAWA

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SMA/SMK/MA BAB 8 NGURI-URI KEBUDAYAAN JAWA