MATERI BAHASA JAWA KELAS X SMA/SMK/MA BAB 9 PANGANAN TRADHISIONAL JAWA

Sugeng Rawuh! 

BAB 9 PANGANAN TRADHISIONAL JAWA

   Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tertentu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padhang, lan sapanunggale.

A. Maca lan nanggepi teks
 
    Gatekno pethilan teks ngisor iki! 


TUMPENG

   Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh jroning wangun bucu, amarga seko kuwi banjur diarani sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umume arapa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan. Tumpeng biasane dianggo ing upacara tradhisional sing sifate seneng utawa sedih. Tumpeng ing ritual Jawa. 

B. Nemokake nilai-nilai kang kamot ing teks
   Babagan kang kudu digatekake yaiku:
  1. Tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa putih;
  2. Tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sifate seneng utawa sedih;
  3. Tumpeng minangka simbul keslametan, kesuburan, lankasejahteraan;
  4. Tumpeng kang lincip nggambarake kemakmuran sing langgeng serta pangarep-arep supaya urip munggah lan nduwur. 
C. Tuladha panganan tradhisional Jawa 


Klepon

   Klepon inggih menika salah satunggaling tetedhan tradisional ingkang kalebet jajanan peken. Klepon kedamel saking tepung uwos ketan lan dibentuk bunder kados bal kaliyan isi gendhis Jawi lajeng digodhok lebet toya lan dipuncawisaken kaliyan parutan krambil. Menawi sampun kemambang lajeng diangkat lan dipuncawisaken kaliyan parutan krambil.

   Klepon inggih meika uga salah satunggaling jajan peken uga paling kathah dipunremeni amargi yen dimaem muncrat gendhisipun uga ngasilake raosipun ingkang legi.

Gethuk

Gethuk iku panganan jajanan utawa kudhapan sing utamane digawe saka ketela pohung . Gethuk iku panganan sing gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wetan.
Gethuk ana kang digawe saka tela. Rasane uga bisa werna-werna. Ana sing rasa keju, coklat, vanila, stroberi. Saliyane iki ana uga gethuk lapis, tegese gethuk kang rasane werna-werna lan didadekake siji. Umpamane gethuk lapis rasa coklat, vanila lan stroberi. Yen kepengin oleh gethuk sing warnane putih, sabecike nganggo gula pasir, kanggo sing warnane abang, sabecike nganggo gula jawa banjur yen kepengin warna ijo bisa nganggo peresan godhong suji. Tela kang dipilih kudune tela kang mempur lan ora njarot, ora ketuwan lan ora bongkreken. Biasane gethuk iki disajekake karo di tawurake parutan klapa enom ing nduwure.
   


(Sumber: gegaran nyinau basa Jawa 1 KELAS X SMA/SMK/MK
https://blog.kulina.id/nasi-tumpeng-kulina/
https://www.sesorah.com/2016/08/kumpulan-deskripsi-makanan-tradisional-bahasa-jawa.html?m=1) 

Matur Nuwun:) 


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS X SMA/SMK/MA BAB 8 PRANATACARA

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SMA/SMK/MA BAB 8 NGURI-URI KEBUDAYAAN JAWA