MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SMA/SMK/MA BAB 4 GAMELAN
Sugeng Rawuh!
Gamelan
Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang. Tumrape Wong urip, gamelan kena kanggo niteni wewatekane menungsa. Karepe, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa pangrasane menungsa mau nalika ngrasakake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu lagu utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.
Ricikane utawa jeneng jenenge gamelan yaiku udakara ana limalas werna, kayata: bonang panerus, bonang barung, kempul lan gong, kenong, slenthem, gender panerus, gender barung, demung, saron panerus, saron barong (1), saron barung (2), gambang, lan kempyang, rebab, sarta kendhang.
A. Maca lan nanggepi teks eksposisi ngenani gamelan
Teks eksposisi iku sawijine karang kang tujuane nerangake utawa njelasake kadadeyan, kahanan, utawa swasana tinamtu supaya Wong kang moco bisa mudheng lan ngerti kanthi cetha. Tuladhane kaya ngisor iki.
Gamelan
Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetep nyawiji. Sanajan cacahe akeh, nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilaras kanthi premati lan ditata kanthi becik. Murih endahe irama, larase gamelan dibedakake dadi rong werna, yaiku laras slendro lan laras pelog.
Laras slendro nyakup titilaras 1,2,3,5,6 dene laras pelog isine titilaras 1,2,3,4,5,6,7. Laras slendro lan laras pelog kabedakake maneh jinise. Sarana kanggo mbedakake jinise iku jenenge pathet. Pathet digunakake minangka tenger kang bisa nuduhake titilarase kang digunakake. Upama dipadhakake karo solmisasi, pathet iku padha karo nada dasar. Pathet ing laras slendro ana pathet 5, pathet 6, lan pathet manyura, dene ing pathet laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang. Kabeh mau nuduhake menawa senajan wujude werna-werna nanging ora ngilangi sipate kang nyawiji.
(Sumber: gegaran nyinau basa Jawa 3 KELAS XII SMA/SMK/MAMA
https://bsd.city/review-lengkap-alat-musik-gamelan-mulai-sejarah-hinga-ragam-jenisnya/)
https://bsd.city/review-lengkap-alat-musik-gamelan-mulai-sejarah-hinga-ragam-jenisnya/)
Matur Nuwun:)

menambah pengetahuan sekali
BalasHapusSangat membantu sekali
BalasHapusSangat manfaat
BalasHapusπππ
BalasHapusπππ
BalasHapusGood
BalasHapusSangat membantu
BalasHapus